Jalan Magelang Tengah Wengi

Jalan Magelang Tengah Wengi

bakul-bakul genthong
genteyongan mikul dagangan
baris ing petengan
kaya budhak mangkat kerja rodi

bakul-bakul genthong
genteyongan munggah-mudhun
saka desa mlebu kutha
golek pasar

bakul-bakul genthong
genteyongan
mburu pulukan upa

kartasura, 2.8.87