Ing Telenging Ning
Ing telenging ning
katon rupaku
merat
merat
ora memper rupa
naging aku ora pangling
Ing telenging ning
ora ono apa-apa
mung
luh
lan
dosa
Ing telenging ning
wewadi kang primpen
sumebar
kaya ara-ara
semarang, feb 86
Ing telenging ning
katon rupaku
merat
merat
ora memper rupa
naging aku ora pangling
Ing telenging ning
ora ono apa-apa
mung
luh
lan
dosa
Ing telenging ning
wewadi kang primpen
sumebar
kaya ara-ara
semarang, feb 86