Geguritan Iki Mung Pengin Kandha

Geguritan Iki Mung Pengin Kandha

geguritan iki mung pengin kandha
ing njaba ana wong sambat ngaluara
sajake bubar dipulasara
swarane ora cetha
gremeng-gremeng ing petengan
cangkeme pecah
awak sekojur abang biru
apa kowe ora krungu?
coba lirihna omonganmu
mbok menawa kowe ngerti
apa karepe

geguritan iki mung aweh kabar
ing njaba bathang bosok pirangpirang
apa irungmu ora mambu

thok! thok! thok!
sing teka aku kana
lawangmu ngakna

solo, 8.6.87.

1 komentar untuk “Geguritan Iki Mung Pengin Kandha”

Komentar ditutup.