Blaka
mbakmalima wis tak lakonising durung mung ngabekti
mbakmalima wis tak lakonising durung mung ngabekti
Asmaradana maburamabura menyang ngendiaku ora nggondhelimaburamabura tekan ngendhiaku tetep nututitresnaku merdhika cah ayu! kemarang, feb 86
Jimat Sekti wong lanang kudu menangwong wedhok kudu ngalahwong lanang ngekep jagadwong wedok ra kena mbantahwong lanang kena saba sakdalandalanwong wedok wis mesthine ning ngumahwong lanang bedhigasan ora nggenahwong wedok ora wani obah wong lanang kuwi pancen ngglathaklicik lucu lan mamakkarepe wong wedok mung dikonmlumah ngglethakyen gregah-gregah arep tangigage-gage diagar-agari jimat saktising jenenge norma adat …
Protelon dalan iki dadi saksiaku niba-tangi bola-balidalam iki ngertimenawa aku wis wau wedikeblasukora wani bali
Geguritan Iki Mung Pengin Kandha geguritan iki mung pengin kandhaing njaba ana wong sambat ngaluarasajake bubar dipulasaraswarane ora cethagremeng-gremeng ing petengancangkeme pecahawak sekojur abang biruapa kowe ora krungu?coba lirihna omonganmumbok menawa kowe ngertiapa karepe geguritan iki mung aweh kabaring njaba bathang bosok pirangpirangapa irungmu ora mambu thok! thok! thok!sing teka aku kanalawangmu ngakna solo, 8.6.87.
Aku Dudu Satrya yen kiwa tengen kebak wongdipulasaraaku ora arep mungguh gunung tapabratayen kiwo tengen pating njleritaku ora arep nyepi ing ringin-ringinwingit aku dudu satryaaku dudu pangeran sing arepmunggah nataaku rakyat biasamenungsa cilik sing nduwe tangga
7 Agustus 1987 isih turu aku digugah adhikudheweke mbengak: aku klebusipenmaru!maca koran sing didudahake”Endi?”adhiku nggregelidrijine nduding jenenge”Iki lho…….”adhiku bungahe ora karuan(sida dadi mahasiswa!)simbok melu bingungpamer tangga kiwo tengen”Mbayar pira?””Satus telung puluh lima ewu!”simbok ndomblangnyawang isen-isen omahe. sorogenen, solo
Reco Ngglandag reco nggladagcoba takonabocah-bocah kuwi anake sapaapa kupingmu ora risikrungu cekikikane bocah-bocah kuwicoba takonana omahe ngendiiki wis bengicoba tamatna sopir-sopir becak kaeturu angler ora sarunganapa sing dienteni? rejeki? reco nggladagtulungjawilna sutinahsing rambute dawa diklebang lorokuwimengko esuk arep turu ngendhi? solo, 4.8.87
Asih Punk Rock ”Aja takon ngendi omahku mas!” Bapakku pegatan kawin maneh karoprawanAdhiku papet sekolahe berantakansaben ndina usrek aku ora kerasan ”Aja takon pira umurku mas!” Telung taon kepungkur aku kelas loro smpPrawanku ilang dimaling lanangan ”Aja takon iki jam pira mas!Wengi iki aku kelonanaOra bakal ana wong nggoleki(Asu! ning apa kowe ora kandhayen lagi …
Jalan Magelang Tengah Wengi bakul-bakul genthonggenteyongan mikul daganganbaris ing petengankaya budhak mangkat kerja rodi bakul-bakul genthonggenteyongan munggah-mudhunsaka desa mlebu kuthagolek pasar bakul-bakul genthonggenteyonganmburu pulukan upa kartasura, 2.8.87