Aku Dudu Satrya

Aku Dudu Satrya

yen kiwa tengen kebak wong
dipulasara
aku ora arep mungguh gunung tapabrata
yen kiwo tengen pating njlerit
aku ora arep nyepi ing ringin-ringin
wingit

aku dudu satrya
aku dudu pangeran sing arep
munggah nata
aku rakyat biasa
menungsa cilik sing nduwe tangga